Rasah Sambat, Teko Lakoni DAB - sihabuddin.com
News Update
Loading...

Minggu, 13 Juli 2014

Rasah Sambat, Teko Lakoni DAB

Rasah Sambat, Teko Lakoni DAB
Pancen Urip ki yo ngene kie rasane, kadang seneng kadang susah, kadang kepenak kadang rekoso, yo kabeh ki pancen ono aturan maine, sek penteng Rasah Sambat, Teko Lakoni DAB, tulisan iki tak nggo awakku sek kakean sambat karo konco, dulur, lan makhluk hidup sak pinunggalane, nyatane hasil seko sambatanku ra ono sek mbantu, percuma aku sombat sambat, mulo aku njuk paham, koyo ngene rasane urip, kudu ono sek di gawe cekelan, koyo pangendikane Cak Nun, "Jika Anda Mengetahui Yang Sejati - Anda Tidak Akan Mudah Terintimidasi" lagi kroso saiki, yen aku durung nemokne seng sejati, mangkane aku gampang terintimidasi (gertakan/ancaman).

Nang tulisan iki, sek tak wehi judule Rasah Sambat, Teko Lakoni DAB, kui maksudte rasah sambat karo manungso, sebab sak wise aku nyobo sambat karo manungso kabeh ra iso nenangne atiku, kabeh ra iso gawe anteng pikiranku, malah onone gur nambahi cupet karo mangkel, kabeh podo njawab WOLES Mas, nang atiku tak jawab...
WOLES
Tak piker suwi, tak ngen-ngen opo sek marai kakean sambat, 3 dino kepungkur aku wegah kumpul karo konco-konco, aku wegah rembugan karo dulur dulurku, aku gur senenge ndewe, ngerti ngerti mbuh aku kelingan ngendikane Cak Nun meneh "Terimo Uripmu,, Mulyo Uripmu, Syukuri nikmatmu, Kepenak Uripmu " nek guruku sakjake yo kerep ngendiko "Nerimo Ing Pandum" , sak umpomo kowe di takdirne dadi pitik, yo terimo wae dadi pitik, nikmati wae ojo malah di takdirne dadi pitik kepengen dadi manuk, akhire samben dino gur latihan mabur, ora iso iso nganti tuwo tetep raiso mabur malah njuk mati, Wal hasil, dadi pitik ra nikmat, dadi manuk ra keturutan, iyo kui sek lagi tak ngen-ngen.

Mbalek meneh nang pangandikane Cak Nun, "Jika Anda Mengetahui Yang Sejati - Anda Tidak Akan Mudah Terintimidasi" mbiyen sak pahamku Sejati itu di artekne Tuhan (ALLOH Swt), terus intimidasi di artekne pacobo, dadi nek awak'e dewe iso ngerti nek kabeh cobo iku seko sek sejati (Alloh) awak'e dewe ora perlu sambat karo wong liyo, awak'e dewe kudu ngerti cepet-cepet Marek/Nyerak karo Gusti Alloh, Sambat Karo Duh Gusti Pangeran Sekabehing Ngalam,,, iyo pacobo iku pancen Intimidasi seko Gusti Alloh kanggo nyobo kawulane supoyo arep diunggahne drajate, yo aku mulai kelingan sitik mbokok sitik
Dilarang Sambat

Intimidasi iku contone okeh banget, pokoke angger nggawe atine awake dewe goyah iku biasane Intimidasi, tapi rasah khawatir nek pancen awake dewe wes ngerti sek sejati, siji conto, nek awake dewe wes ngerti nek loro ati iku marai nangis, tapi mergo awak'e dewe wes ngerti ngunu (kudu nangis) ngopo ndadak nangis,? kan yo percoma tho!!, njajal guyuo mengko lak atimu iso plong, #koyone,  
Ayo Ngguyu
Inti seko judul iki Rasah Sambat, Teko Lakoni DAB yo kui, rasah sambat, teko lakoni urip wae, DAB = MAS (boso jowo walikan) seep mugo mugo tambah padang atine lan pikirane :*

Share with your friends

Give us your opinion

Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done